CALLIE SI ULER NATAL
Ing sawijining dina, ing papan sing jenenge Bethlehem, ana kewan sing urip yaiku uler sing jenenge Callie. Uler iku uler sing becik kang nyoba sing paling becik kanggo ngindari masalah. Iki angel kanggone dheweke, kerana dheweke kerep nggawe pilihan sing ala.
Sawijining dina nalika nggolek pira-pira panganan, uler cilik mutusake kanggo munggah ing pucuk bukit. Nalika dheweke tumeka ing dhuwur, dheweke weruh ana guwa gedhe sing diubengi watu-watu. Callie semangat banget njelajah . dheweke ora yakin yen gagasan mungah ing guwa sing peteng iku becik, ananging dheweke mutusake mlebu guwa.
Nallikane ana ing njero guwa, Callie mulai ngrasa adem banget lan dhewekan. Dheweke ngrasa gemeter kerana dheweke durung tau ana ing papan sing peteng banget lan sepi sak durunge. Kanthi cepet, dheweke mutusake mengo lan bali ning njaba. Ananging, uler cilik tiba kesandung pira-pira watu lan ora iso eling dalan metu. Apa dheweke menggok ngiwa utawa nengen?Callie ora ngerti!
Sakwise kesasar ning guwa rada suwe, Callie mikir yen dheweke ora bakal pernah bisa metu. Dheweke ilang ing dalem pepeteng lan dheweke ngucap marang awake dhewe, “Aku karep yen aku ora pernah mlebu guwa sing medeni iki”. Callie rumangsa wedi kerana dheweke ora ngerti apa sing kudu dilakoni.
Dheweke bakal aweh kekarepan kerana Callie miir ora ana wong sewiji sing bakal nemokake dheweke. Ing wektu iku, dheweke krungu swara keledai, sapi, lan wedhus. Swara iki ndadekake dheweke seneng amarga dheweke ora rumangsa kesepian maneh.
Wengi musim adem ing Bethlehem iku , dina sing adem lan semribit, sahingga para tukang angon wes mutusake nggawa kewane ing njeroguwa supaya iso turu. Sakwise wong-wong iku mlebu kelawan liline wong akeh, Callie iso weruh yen guwa iku gedhe banget. Ing ruangan sing gedhe , wig-wong ngangkat tumpukan damen kanggo kewan sing bakal digunakake kanggo papan turu sing anget. Kaya kewan liyane, uler iku ngantuk sakwise dina kang dawa. Ora suwe kabeh uwong padha turu angler.
Ing wayah esuk para tukang angon lan kewane padha tangi lan cepet-cepet ninggalake guwa. Ing wektu Callie tangi, wong akeh wes padha lunga. Kewan-kewan lan para tukang angon wes gasik ninggalake guwa kanggo nikmati angete srengenge esuk. Callie ngucap, “Apa sing bakal tak lakoni saiki?”. Dheweke rumangsa kaya-kaya dheweke kudu ngentekake turahan uripe ilang ning njero papan iki.
Ora suwe wong akeh bal ning penampungan kewane wong akeh saka wengi mangsa adem. Callie rumangsa luwih kepenak yen ana wong liya ning njero guwa bareng dheweke, ananging dheweke nangis amarga ngerti yen dheweke ora bakal ninggalake guwa sing gedhe. Balik yen kewan-kewan iku isih ning kene, sikile cendek banget kanggone dheweke kanggo melu manungsa lan kewan metu saka peoeteng iki.
Kaya dene dheweke melasi awake dhewe, ana barang kang beda sing kedadeyan. Ana wong lanang jenenge Joseph mlebu guwa. Dheweke mulai nyiapake nggone turu saka damen, nanging ora kanggo kewan. Nggon turu iki kanggo bojone, Mary, sing diperlokake kanggo teturon sahingga dheweke bisa nduwe anak.
Uler ndelok Mari ngekep bayi lanange sing entes lair sing dijenengi Yesus. Anak iki dikebaki cahaya lan katresnan. Nalika Callie ndelok Yesus dheweke ora kesepian utawa wedi.
Ing wengi sing padhea, tukang angon liyane mlebu guwa lan mulai nyanyekake tembang-tembang kanggo Yesus. Gua sing ndisik peteng saiki dikebaki cahaya sing nggawe kabeh uwong rumangsa tentrem lan seneng. Ora suwe, ana wong telu sing bijak, sing wes melu lintang terang, teka kanggo nawarake hadiah natal kanggo bayi Yesus. Wong akeh iku nawarake emas, menyan, lan mur.
Callie nggumun banget lan kagum marang bayi iki sing nggawa kesenengan sing akeh banget marang wong akeh sing teka nyambangi dheweke. Nanging dheweke sedih yen dheweke ora ndue hadiah kanggo nawarake bayi Yesus. Dheweke mikir, “Aku mung uler sing kesepian sing ilang ing nje guwa iki, apa hadiah sing isa takparingke marang bayi iki sing wes maringi kita cahayane Gusti” Dheweke mikir, lan dheweke mikir, lan dheweke mikir maneh.
Callie ngucap“aku ngeti!”. Dheweke semangat banget babagan hadiahe sing bakal diparingke marang Yesus. Dheweke mutusake mbungkus awake dhewe kanggi hadiah natal. Dheweke ati-ati nggawe kepompong lan mbungkus awake dhewe ing njeor paket. Saben wektu, Callie mung iso mikir babagan kepiye dheweke maringi hadiah marang Yesus.
Ora suwe, Callie metu saka kepompong. Wektu iku dheweke nemokake keajaiban natall. Dheweke dudu uler kesepian maneh sing kejebak ing njero guwa. Dheweke iku ciptaan sing anyar, kupu-kupu kelawan sewiwi loro kang endah sing bentuke ati.
Callie mabur metu saka pepeteng tumuju cahaya, mesem ana ing wajahe. Dheweke ngerti yen dheweke wes nggawe pilihan sing bener lan Yesus wes seneng marang karuniane Gusti. Kerana yen kupu-kupu sing kethok mabur ing hawa, kita diwlingake kanggo maringke ati kita marang Yesus.
Tamat